17 Okt 2011
  Humas Berita,

Pahargyan Hadeging Kabupaten Kulonprogo Kaping 60 DiPengeti Prasojo

Pahargian Hadeging Kabupaten Kulonprogo Kaping 60 DiPengeti Prasojo

 

Sri Paduka Paku Alam ingkang jumeneng kaping  IX ngrawuhi pengetan dinten madegipun Kabupaten Kulon Progo wonten alun-alun WatesKulonprogo,(15/10/2011) Jogjaprov-go.id. Dinten puniko,Setu Legi,15 Oktober warso 2011 Kabupaten Kulonprogo jangkep 60 warso dipun pengiti kanthi upocoro climen/prasojo kanthi Inspektur Upcoro Waskil GubernurG Daerah Istimewa Yogyakarta Pangarsnipun Sri Paduka paki Alam ingkang jemuyneng kaping IX, wondene ingkang dados komandan Upacara Sekretaris Kecamatan Girimulyo, Heru Duna.

Miturut Bupati Kulonprogo dr. Hasto Wardoyo.SpOG menggah tema Dinten Madegipun Kabupaten kulonprogo ingkang kaping LX puniko Dengan semangat hari jadi ke 60, kita Tingkatkan integritas dan profesionalisme Aparat Guna mewujudkan Pelayanan Prima

Menggah adicorooo utawi kegiatan kangge nyambet Hadiging kulonprogo ingklang kaping 6o puniko: Pertandingan olahraga,Semaan Al Qur an, Ziarah wonten makam Mantan Bupati< Pameran ingkang dipun wastanani Manggunggal Fair 2011, ugi kegitan sanesipun kagem ngregengaken Upocoro Hadeging Kabupaten kulonprogo puniko.

Menggah Sabdotomo Gubernur Daerah Istimwea Ngayogyokarto Sri sultan Hamengku Buwono X ingkang kawaosaken panjenenganipun Waskil Gubernur Paku Alam IX mratekaken aken bilih Salebetipun Pemilikada kapengker, Bupati lan wakil bupati ingkang sakpuniki sampun jumeneng, mratelakaken yen visi pembangunan Kulonprogo Kang sehat pinayungan filosofi Saras Marga Tirta . Ing budoyo jawi Miturut ngraso dalem gubernur diy bilih Tirta angandut suraos ingkang saestu lebet sanget. Pangangkah anggen kita anggayuh kalanggengan agesang, wonten ing jagad kabatosaan jawi, sajatosipun mboya uwal saking prakawis tirto puniku

Salebtipun Sabdatonipun ugi ngarso dalem ugi paring pitedah kados cariosipun pawayangan bimo angudi tirto suci kanthi lkampah ingkang rekaos kathah pacoben soho ngantos nggebyur ing samudro namung setunggal eaos ingkang sawiji, ngupadi tirto pawitrosari. Amargi kiturut pitedahipun Drona, kanthi manggegaken tirta kasebat, bimo badhe saget ngaraosaken urip sajroninag pati sarta saget anggayuh manunggaling kawula gusti

Sak wontenipun sambutanipun ugi Ngarso Dalem Sultan HB X lumantar Paku Alam IX ngatuake bilih salebitun ing jagat kawruh kajawen tirta ugi asrining minongko kangge sandi tumpraping pitutur jati. Wenten ing pustaka Waspodo umpaminipunn,wenten perangan sesanti tirto wening kanggo pepeling amrih tansah eling Tirto wening kasebat enten sawenehing pratelan dumugi saking gangsal pengajeng-ajeng inggih puniko :1.Tinuntun Ingsun kawula makaryo.2.Jinogo ingsun kawulo jaya.3.Tinoto Ingsun Kawulo ngudi boga.4 manunggal Gusti, Kawula pinarengo, anampi, sarta 5. zRahayuninh bawana tumut angrosa.

Wonten pungkasanipun Sabdotomo Ingkang sinuhun Sri Sultan HB X Gubernur diy dumateng Bupati soho wakil bupati kulonprogo inmgkang sampun jumeneng Weninga kanthi premono, tumandango kanthi waspado

Salebetipun upacara ugi kaparingaken Petunjuk Pelaksanaan kagem pelayanan Jaminan Kesehatan daaerah kangge sedoyo warga masyarakat kabaaupaten Kulonprogo awujud Peraturan bupati nomer: 65 warso 2011 minongko wujud penjabaran Peraturan daerah kabupaten kulonprogo nomer: 6 Tahun 2009 ngengingi system jaminan Kesehatan daearah kabupaten kulonprogo kangge sedoyo masyarakat ing tlatah kulonprogo. Menggah ngengingi pelayanan Jamkesda pelayanan periksa kesehatan kanthi gratis wonten sak dengah Puskesmas sak kulonprogo miturut keterangan Hasto Wardoyo Bupati kulonprogo, anggenipun lumampah wiwit tanggal 1 November warso 2011 puniko.

Wonten upacara madigipun kabupaten kulonprogoo kaping LX puniko ugi kaaturaken Penghargaan Purna Manggala Praja saking Bupati kagem Mantan Bupat.H.Toyo Santoso Dipo soho mantan wakil Bupati pereode sak derange Anwar Hamid.

Pratondho Upocoro hadeging kabupaten Kulonprogo ingkang kaping 60 enjang wau (Setu legi,15 /10/2011) wonten ing alun-alun Wates kulonprogo inggih puniko kausungipun tombak Amiluhur saking peparing Dalem sri Sultan HB X ka iring rontek Pareanom soho Bantar Angin Peparing saking Sri paduka paku Alam VIII saking Gedhong Pusoko kabupaten Kulonprogo soho peperaing pengharagaan soho hadiah tuwin peparingipun Peraturan Bupati Nomo 65 tashun 2011 ngengingi Petnjuk tekhnis llumampahipun Perlayanan gratis kagem masyarakat wonten puskesmas sak ending Kulonprogo.

Nderek selebertipun upcoro puniko para perangkang Kabupaten Kulonprogo,soho saking pernagkat kecamatan sak tlatah Kulonprogo lan dipun gayengaken pahargian upacara Hadeging Kabupaten Kulonprogo poro seniman Kulonprogo. (Kar ***)

HUMAS Ro UHP Provinsi DIY

Bagaimana kualitas berita ini: